Rabu, 26 September 2012

Soal Latihan Ulangan Tengah Semester Kelas IX


1. Serat Tripama menika anggitanipun ….

a. Sri Mangkunagara IV

b. Sri Paku Buwana IV

c. R. Ng. Ranggawarsita

d. Sri Paku Alam VIII

2. Serat Tripama dipunanggit wonten ing sekar….

a. Sinom

b. Asmaradana

c. Dhandhanggula

d. Mijil

3. Paraga ringgit ingkang kangge patuladhan ing Serat Tripama inggih menika ….

a. Sumantri

b. Adipati Karna

c. Kumbakarna

d. a, b, c leres

4. Harjuna Sasrabahu menika ratu ing negari ….

a. Hastina

b. Mahispati

c. Ngalengka

d. Ngawangga

5. Raden Sumantri saged kangge patuladhan jalaran ….

a. Raden Sumantri mbelani negarinipun

b. Raden Sumantri netepi tigang gegebengan inggih menika guna, kaya, purun

c. Raden Sumantri nggadhahi watak satriya

d. Raden Sumantri kepengin males kasaenanipun Harjuna Sasrabahu

6. Ingkang pikantuk sebatan “ditya Ngalengka aji” inggih menika ….

a. Kumbakarna

b. Sukrasana

c. Anoman

d. Rahwana

7. Dasanamanipun tembung diyu ingkang leres inggih menika ….

a. buta, yaksa, wil, danuja

b. yaksa, rewanda, maruta, her

c. rewanda, pragosa, wre, wil

d. bala kapi, diyu, baskara, her

8. Watak awonipun Raden Sumantri ingkang boten pantes dipuntulad inggih menika ….

a. mentala lan tegel mejahi rayinipun piyambak

b. wani dhateng ratu gustinipun

c. wani dhateng rakanipun Rahwana

d. a lan b leres

9. Kumbakarna saged kangge patuladhan jalaran ….

a. Kumbakarna netepi sumpah satriya males kasaenanipun ingkang raka Rahwana

b. Kumbakarna nggadhahi watak pinter, sugih kaprawiran, lan kendel

c. Kumbakarna anggenipun majeng perang namung mligi mbelani nusa, bangsa lan negarinipun Ngalengka,

boten mbelani Rahwana ingkang angkara murka

d. Kumbakarna nggadhahi watak satriya lan tansah mbelani ingkang leres

10. Surya Putra saged kangge patuladhan jalaran ….

a. Surya Putra netepi sumpah satriya lan badhe males kasaenanipun Duryudana

b. Surya Putra netepi tekad satriya tansah mbelani bebener

c. Surya Putra tansah mbangun miturut dhateng Dewi Kunthi

d. Surya Putra tresna dhateng sedherekipun para Pandhawa, senajan para Pandhawa menika benten bapa

11. Surya Putra menika ratu ing ….

a. Ngalengka

b. Hastina

c. Ngawangga

d. Mahispati

12. Surya Putra kaliyan Pandhawa menika pernahipun ….

a. sedherek tunggil bapa ibu

b. sedherek tunggil bapa

c. sedherek tunggil ibu

d.sedherek tunggil bapa benten ibu

13. Ingkang mejahi Surya Putra inggih menika …..

a. Duryudana

b. Werkudana

c. Adipati Karna

d. Arjuna

14. Ibunipun Surya Putra inggih menika ….

a. Dewi Citrawati

b. Dewi Kunthi

c. Dewi Sinta

d. Dewi Madrim

15. Serat Tripama menika dipuntujokaken kage ….

a. sedaya tiyang

b. para prajurit

c. nem-neman

d. para siswa

Yogyanira kang para prajurit

lamun bisa sami anulada,

kadya nguni caritane,

andelira sang Prabu

Sasrabahu ing Mahespati,

aran Patih Suwanda

lelabuhanipun,

kang ginelung tri prakara,

guna kaya purun ingkang den antepi,

nuhoni trah utama.

16. Miturut tembang ing dhuwur, kang pantes dadi patuladhan yaiku….

a. Prabu Sasrabahu

b. Patih Suwanda

c. Para Prajurit

d. Prabu Sasrabahu lan Patih Suwanda

17. Paraga kang dadi patuladhan ana ing serat Tripama kabeh ana 3 yaiku…

a. Patih Suwanda, Adipati Karna, Kumbakarna

b. Prabu Sasra bahu, Patih Suwanda, Kumbakarna.

c. Prabu Sasra bahu, Adipati Karna, Patih Suwanda.

d. Patih Suwanda, Para Prajurit, Kumbakarna.

18. Prabu Arjuna Sasrabahu menika ratu ing negari…

a. Ngastina

b. Ngamarta

c. Mahespati

d. Ngawangga

19. Serat Tripama menika dipuntujokaken kagem….

a. guru

b. siswa

c. seniman

d. prajurit

20. Wedhuse 12 lanang kabeh. Menawi kaserat ngangge aksara Jawa….